Jumat, 22 Oktober 2010

SERAT JAMUS KALIMOSODO

            I'lam likalimat tabi', Poro konco sutresno "Agomo Ageming Aji", Budoyo luhur ing tanah Jowo, Mugi tansah lumunturing haksomo, keparengo si "cubluk", badhe ndherek ngaji mangulah Roso, roso kang tumlawung mumbul amiyak mego ing angkoso, ngupadi dalane becik kanthi ngrapal ngonceki serat Jamus Kalimosodo, mugi Gusti tansah paring wewarah soho pepadhang ing Galih, kanthi syafa'ate serat Jamus Kalimosodo.
           Mbok menowo wus podho Uningo lamun Serat Jamus Kalimosodo mangkono, ono sajroning jagad pewayangan pinongko sipat Kandele Ratu ing Ngamarto, yaiku Prabu Puntodewa, utowo inkang ajejuluk Prabu DharmoKusumo. Katelah prabu Puntodewa sebab Ratu iki pancen satrio kang duwene wewategan kayo setengah Dewa(Dev:cahyo/malaikat), lembah manah, luhur bebudene, wani ngalah, sabar, tawaduk ora nate sesongaran, lan ikhlas ing samubarang pakarti. Mulo ora mokal lamun Sinuwun Prabu iki, kang kuwat kanggonan Serat Jamus Kalimosodo. Katelah Prabu Dharmo Kusumo, mergo ingkang Sinuwun iku ngugemi Dharmaning kembang, yaiku mangambar arum sarto gawe sengseme ati tumrap kang nyawang, lan sasrawungan.
            Jamus mengkono nurut panemuku -kang mbok menowo isih cubluk ing pasrawungan- soko tembung Kamus(miturut poro pinter).Wondene tembung Kalimo Sodo mangkono ono kang nduweni panemu soko tembung Kali Maha Usada ananging ono ugo kang ngandhakake soko tembung Kalimat Syahadat. Endi penemu kang bener, mesthine kabeh biso wae bener lamun jumbuh ing nalar lan pakerti, iku mungguh panemuku sing isih cethek ing ilmu ulah roso. Kalimo sodo soko tembung Kali Maha Usada, tegese Kali kang Banyune iso kanggo nambani Tumrap wong kang podho loro, yoiku loro atine mergo adoh soko Pangerane, yoiku Gusti Kang akaryo loka. Kali kang mangkono mau banyune bening kinclong-kinclong, biso kanggo ngilo tumrap poro2 kang podho ngangsu banyu, lan banyune ora nate asat mergo Sumbere Pancen Soko Sajroning Lembah Wadi Aiman, ing Dhuwure ono Kayu kang Ngrembuyung(Wit-Witan:Wiwitan), kang biso Ngrekso Banyu kang ono ngisore mau. Kalimosodo soko tembung Kalimat Syahadat, mergo pancen Serat Jamus KALIMOSODO mangkono iso den maknani Syahadat loro: yoiku Syahadat Tawhid, lan syahadat Rosul. "Asyhaduallailaha illallah, wa asyhadu anna Muhammadarrosululloh". kang pinongko Dhasare poro sutresno kang ngrasuk agomo Islam. Kang maknane Ingsun anyekseni lamun ora ono Gusti ingkang pantes Sinembah Kajobo Allah, lan anyekseni kalamunto Muhammad mangkono Pinongko Utusane Gusti Allah.
Mulo ora mokal yen Serat Jamus duweni kekuatan kang ngedap-edapi kalamunto bener2 den gunakno.
Kalimo Usodo, ugo biso den gathukake karo tembang tinggale poro wali, yoiku "TOMBO ATI", kang ugo ono limo ing wernane:
  1. Moco qur'an sak maknane,
  2. sholat wengi lakonono, 
  3. Wong Kang Sholeh Kumpulono,
  4. Weteng Ingkang Luwe,
  5. Dzikir Wengi Ingkang suwe,
Mulo yo ora mokal lamun Prabu Punto Dewo mangkono iso den sebut Prabu Dharm Kusumo amergo Sinuwun tansah nindakake Kalimo sodo mau, saenggo Asmane mangambar Arum, mergo tansah welas asih ing sepodho-podho, ora mbedak-mbedaake anggone sesrawungan. Ora nduweni panyokrobowo olo, najan kadang bakal dikrenah, dipitenah, ananging mergo saking pasrahe marang Gusti, kabeh panggiri godha gagar wigar, tan biso tumomo. Disengkuyung dening Ratu 1000 negoro. Lamun kito biso nulad laku utomo kang mangkono, mbok menowo, negoro iki bakal dadi negoro kang gemah ripah lohjinawi, toto, titi, tentrem, karto raharjo. Murah sandhang Pangan, thukul kang sarwo tinandur, adem ayem, aman sentoso.

SYAHADAT KALIH, NYANTRI KANJENG SUNAN KALI